Menyusun Pedoman Pengamatan dan Wawancara Penelitian Sosial
Pamotan–
Assalamualaikum Wr.Wb.
Bertemu lagi bersama saya M. Fadhil Arroyan dari kelas XI IPS 1. Pagi ini kita akan membahas pedoman pengamatan dan wawancara.
A. Pedoman pengamatan.
a.) Etika Penelitian Kelompok Sosial :
1. Peneliti harus manyampaikan maksud dan tujuan kepada informan
2. Memposisikan duduk berdasarkan kesepakatan dan kesantunan
3. Menggunakan bahasa lokal setempat
4. Mendengarkan, memperhatikan, dan tidak menyela pada saat informan berbicara
5. Menggali informasi yang belum di jelaskan secara mendalam (probing)
6. Mengucapkan terimakasih kepada informan sembari meminta nomer HP yang bisa dihubungi dan meminta foto
*Catatan tambahan yang tidak boleh dilakukan*
1. Memandang rendah informan
2. Menunjukkan sorot mata yang tidak bersahabat
3. Merepotkan informan
4. Menyebarkan informasi yang merendahkan informan
5. Membanding- bandingkan informasi yang disampaikan dari informasi satu ke informasi lainnya
*Pedoman pertanyaan wawancara*
1. Bio data informan
Points pertama bisa berupa pertanyaan mengenai nama informan/pertanyaan seputar informan
- kinten² njenengan umur pinten Mbh?
- gadah putu pinten Mbh?
- Niki dukuh nopo Mbh?
- njenengan nggh ndamel gerabah Mbh?
2. Asal-usul
-mbh ngapunten ne Niki dukuh nopo nggh?
- kenapa bisa diarani dukuh...Mbh asal (asal usul)
- Yen asal usul eg Gerabah Ting Niki pripun Mbh?
- sinten engkang awali ndamel gerabah Ting mriki Mbh?
- Yen jaman ndisik ndamele gerabah nopo nami ne Mbh?
3. Keadaan penduduk
-sesepuh desa Ting mriki sinten Mbh?
- mangenipun sebelah pundi griyane Mbh?
- bentuk gryia nipun kados punopo Mbh?
- tiang mangon pertama kali tibg meriki nggh ndamel gerabah Mbh?
4.Tata ruang
- Yen ndamel griya ngarep, guri, nopo kangge sedoyo
- Mbh Yen ndamel gerabah Ting wingking nopo Ting ngajeng?
- Mbh bakar Gerabah e Ting pundi nggh?
5. Sumber pangan
- pekerjaan pertama
- Mbh Ting mriki rata² ndamel gerabah sarasan nopo nggh wonten tiang tani?
- ingkang ndamel gerabah tiang katah nopo mboten Mbh?
6. Fasilitas publik
-mbh Ting mriki wonten sumur umum?
-mbh Ting mriki wonten mbalong sebelah pundi nggh?
-mbh wonten tempat umum kangge mbakar Gerabah nopo mboten?
7. Peninggalan barang kuno
- Mbh njenengan gadah genuk kuno nopo mboten?
-mbh njenengan gadah Gerabah sing mpun puluhan tahun?
- Mbh gerabah zaman burn kandel kalihan sak niki nopo taseh sami mawon?
8. Bahan pembuatan gerabah
- Mbh lemah kangge ndamel y, niku sing pripun?
-mendete saking pundi Mbh?
- bahan nipun lemah sarasan nopo wonten sanese?
-ngoten niku tumbas nopo mboten Mbh?
- bahan sanese saking pundi, tumbas nopo mboten Mbh?
-stok e bahan sedoyo taseh katah nopo mboten Mbh?
9. Alat membuat gerabah
-mbh Gerabah niku wonten cetakan ne nopo mboten?
-mbh alat kangge ndamel gerabah nopo mawon?
-alat niku fungsi ne kangge nopo?
- ngoteniku tumbas nopo ndamel piambak, Yen tumbas, tumbas eg Ting pundi Mbh?
- Mbh Yen bakar Gerabah ngaggem alat nopo mboten?
10. Proses membuat gerabah
- Mbh gerabah niku jenise nopo mawon?
- ndamel'e benten nopo mboten Mbh?
- pertama kali ingkang didamel niku bagian napane?
Ngoten niku ndamel'e langsung nopo bertahap Mbh?
- Yen ndamel kandel kalih tipis niku anggel pundi Mbh?
- gerabah eg saget kuat , rapet mboten bocor niku cara ne ndamel'e pripun Mbh?
11. Proses pembakaran Gerabah
- Mbh Yen bakar niku ditumpuk cara ne pripun?
- gerabah ingkang siap dibakar niku sing pundi?
- bakar'e pinten jam , kangge nopo kudu di bakar rumiyen?
-yen bakar niku tempat e Ting pundi?
- Yen sampun di bakat Gerabah e niku warna ne nopo?
-gerabah sing mboten kasel niku sebab e nopo?
- ciri² ne gerabah ingkang dibakar Mateng niku pripun?
- cara ne bakar gerbah niku pripun?
- ngoteniku ingkang gagal, dibakar malih nopo mboten Mbh?
B. Wawancara mengenai cara
membuat gerabah.
Ndamele gerabah niku pripun buk?
Tanah liat dicampur kaleh pasir langsung diulet diidak-idak.
Lemah kangge ndamel gerabah niku mundute saking pundi buk?
Saking saben mbk.
Niku lemahe tumbas nopo mboten buk?
Mendet piambak Ning sawah.
Niku mboten lemah sarasan nggh buk?
Mboten niki kalihan di paringi pasir.
Mboten wonten diparingi semen nggh buk?
Mboten Mbk.
Katah buk lemahe?
Nggh katah.
Ngoten niku gerabahe wonten coret-coretan niku pripun buk?
Niku batik kalihan puru Mbk namine.
Ndamel gerabah niku kinten-kinten pirang menit buk?
Nggh Katon ndamele nek ageng nggh rodok sue nek alit nggh rodok gelis.
Katon niki cepet nggh buk?
Nek cowek Niki nggh sue mbk wong alus.
Alate damel gerabah nopo mawon buk?
Niki namine merbot Mbk.
Ngoten niku alate ndamel piambak nopo tumbas buk?
Nggh ndamel piambak.
Awet nggh buk ngoten niki?
Niki mpun pinten-pinten tahun Mbk, kawet Kulo tasih alit sampai sak niki.
Jenengan pernah ngertos alat modern nopo mboten buk?
Mboten.
Nek wonten teng mriki jenengan purun nopo mboten?
Purun, nggh wonten kangge ndamel kendi ngoten niku Mbk.
Yen pas kabar niku ngagem nopo buk?
Ngangge rambut, dedet ngoten niku, nggh ngangge kayu nggh larahan dami bereng.
Jenise gerabah nopo mawon buk ngoten niku?
Nggh layah, laron,pot, kendi, tangkapan.
Pertama kali seng di damel niku napane buk?
Nggh kersane seng ndamel, nggh ndamel nopo mawon.
Bagian seng pisanan niku nopo?
Niku diparingi awo utawi abu Ben gak kantil.
Kok saget bentuk bunder niku pripun?
Diolah tangane.
Kok saget ngiro-ngiro kandel tipise niku pripun?
Nggh niku nek gak Podo nggh niku amoh gak kanggo.
Ngoten niku mboten bocor buk?
Mboten.
Awet nggh buk?
Nganggene nek ditutuk nggh pecah.
Yen dibakar niku ditumpuk nopo pripun?
Ditumpuk.
Mboten pecah buk Yen ditumpuk?
Mboten niki kan dipepe Sampek seminggu.
Seng mpun siap dibakar niku bakarane kados pundi?
Bar tak bakar Kabeh eg ndok, bar kak setorno Ning Tuban.
Bakare ngoten niku pinten jam?
Sekitar 3 jam, pomo jam 12 engko jam 3 ws mateng.
Bakar'e tempate teng pundi buk?
Nggh iki ngarep omah.
Nek wonten udan pripun buk?
Nek mendung tah wayahe udan iyo prei gak di obong dilebokno Ning Jero omah.
Yen mpun dibakar niku seng gak sae sing pripun?
Seng amoh gak kanggo.
Ciri-ciri ne buk?
Suek, pecah.
Ngoten niku ono gerabah seng angel dibakar buk?
Gae hiasan, celengan, asbak.
Ciri-ciri gerabah wes mateng niku pripun?
Damine wes do rontok kabeh.
Carane gerabahe yen dibakar mboten pecah niku pripun?
Iyo ditoto jejer-jejer seng apek ben ora glundungan.
Sampun wonten progam pemerintah ingkang hubungan ne kalihan gerabah buk?
Ono karang taruna niku.
Ngoten niku setunggale pinten buk?
Nek aku dodol 5-8k.
Ngoten niku sesuai jenise nopo dewe-dewe?
Dewe-dewe Iyo Ono 15k seng gedik.
Bentuke gerabah seng laris niku pundi buk?
Iki laris Kabeh Mbk.
Regine riyen kalihan sak niki taseh sami nopo dewe?
Dewe-dewe kae luwih murah.
Jenengan nggh nateh dodolan teng pantai Balongan?
Nggh wonten dulurku tapi Kulo mboten nateh.
Teng mriki pernah wonten pemerintah ngajak ndamel gerabah seng unik buk?
Nggh wonten niku saking Rembang.
Niku modale saking pemerintah nopo piambak buk?
Nggh modal piambak.
Yen teng balongan niku wonten toko pameran kangge gerabah jenengan setuju nopo mboten buk?
Nggh setuju-setuju mawon.
Jenengan niku asli mriki buk?
Kulo asli mriki Mbk.
Kinten-kinten jenengan lahire tahun pinten?
Kulo 1973.
Gadah putra pinten?
Kaleh sampun rabi sedoyo, seng setunggal tasih SMP.
Jeler nopo estri buk?
Estri sedoyo.
Teng mriki dukuh nopo buk?
Deso Balong mulyo.
Asal usule gerabah niku pripun?
Warisan nenek moyang iki Mbk.
Jenengan Sinau gerabah saking pundi?
Latihan dewe.
Riyen kalih sak niki jenise gerabah taseh sami buk?
Riyen wajan kangge mindang iwak.
Ndamele gerabah niku teng ngajeng nopo teng wingking?
Nggh terserah wonge nek wayahe udan nggh neng Jero.
Tempat nyalap jerami teng pundi buk?
Teng sawah bek wayahe ngobong jupuk.
Mata pencarian teng mriki ndamel gerabah sedoyo buk?
Mboten nggh wonten seng dodol neng balongan, nelayan, supir, tukang, tani.
Demikianlah blog yang saya buat ini, semoga bermanfaat dan menambah pengetahuan para pembaca. Saya mohon maaf apabila ada kesalahan ejaan dalam penulisan kata dan kalimat yang kurang jelas, dimengerti, dan lugas. Saya ucapkan terima kasih yang sebesar-besarnya.
Wassalamu'alaikum Wr.Wb
Penulis : M. Fadhil Arroyan XI IPS 1